SESORAH PERPISAHAN KELAS XII

1 comment

Sesorah Pepisahan Saking Wakil Kelas XII

Bissmillahirohmanirraqim.
Assalamualaikaum Wr. Wb.
Salam kasugengan karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula miwah panjenengan sedaya

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan
Bapak saking polsek Gedangsari lan Bapak Dukuh padukuhan mbulu ingkang tansah kaula hormati
Bapak komite sekolah ingkang kaula hormati
Bapak ibu guru saha staf karyawan smkn1 gedangsari ingkang kaula hormati
Bapak ibu wali murid kelas 12 ingkang kaula hormati
Saha siswa kelas 10,11 lan 12 ingkang kaula tresnani

Saderengipun,sumangga kula dherekkaken ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanapun gusti ingkang maha agung awit sedaya peparinganipun ingkang awujud mapinten-pinten kanikmatan,rahmat,barokhah saha hidayahipun dumatheng kula miwah panjenengan sedaya. Sahengga ing wekdal menika kita saged makempal ing papan menika kanti pinayungan karaharjan katentreman saha kebagaswarasan.
Mboten kesupen sholawat sarta salam kita panjataken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingjang insya'allah kita tengga syafaatipun ing yaumul akhir ing mbenjang.
Bapak ibu saha para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMKN 1 Gedangsari ingkang kinasih menika. Salajengipun ingwekdal menika, kepareng kula minangkani sesulihipun saking kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah menika, dene sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMKN 1Gedangsari menika.
Sepisan,Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak saha ibu guru ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula saha sanesipun kanthi raos welas saha asih, dene kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula tuwin kanca-kanca saged nglampahi Ujian Nasioanal saha Ujian Sekolah kanthi lancar.
Kula sakanca ugi ngaturaken agunging samudra pangaksami dhumateng bapak ibu guru, mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungula-wenthah ing kawah candradimuka menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani saha trapsila ingkang boten tata, tuwin saweneh kawontenan ingkang boten sae, saestu kula sakaca sepisan malih ngatraken agunging pangapura.
Kula sakanca ugi nyuwun tambahipun donga saha pangestu saking bapak ibu guru dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa tuwin Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil saha ingkang langkung prayogi malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula saha kanca-kanca sanesipun. Amin.
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMKN 1Gedangsari langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan. Amin.
Mbok bilih mekaten atur saking kula, kathah kekirangan saha kalepatan kula naming saged nyuwun agunging samudra pangaksami.
Ing wasana,Pinangka panutuping atur.
Billahitaufik walidayah

Wassalamualaikaum Wr. Wb.

Related Posts

There is no other posts in this category.

1 comment

  1. The Hard Rock Casino, Resort & Spa Launches in New Jersey
    The Hard Rock Hotel & Casino is launching in New Jersey 과천 출장샵 this 인천광역 출장마사지 fall. The property, 제천 출장안마 which 남원 출장안마 will feature 83,000 안성 출장안마 square feet of

    ReplyDelete

Post a Comment